Selasa, 27 Desember 2011

Sugeng Warso Enggal 2012

my family
Wis jamak lumrahe menawi margi ingkang diambah awake dewek saben dinane, mung arupi oro - oro kebak ri. Margi inkang jarang tinemu panggonan kangge ngiyub, sinaoso mung saklebeting netro. Margi ingkan kados mekaten, minongko prolampito lelampahan gesang wonten arcopodo.

Wonten kolomongsone ugi, ambah-ambahane aweke dewek gantos margi ingkang alus, umpamonipun arupi dalan aspal hotmix garapanipun sederek saking monco-negoro. Meniko ingkang kulo panjenengan gayuh amrih rahayuning gesang sesami. 

Menawi kulo panjenengan saestu nglampahi gesang ingkang mulio lahir terusing batos, wilujeng kalis sing sambikolo dalah dowo yuswo. sregep manembah. Sedoyo meniko saged dipun gambaren lumampah margi ingkang alus. Ananging kuciwonipun katah sederek ingkang kagungan kesaenan ingkang kasebat wau, malah leno ing kaprayitnan. Bebasan sugih nikmat ingkang diparingi Gusti Ingkang Moho Welas Asih,, namung kulo panjenengan uwal elingipun. Tansah tebih saking caos dahar munjuk atur dumateng Ngerso Dalem Gusti ingkang Makaryo Jagad miturut ageman piyambak – piyambak.

Tulodo ingkang kasebat wonten inggil meniko, saged dados koco benggolonipun kulo panjenengan sami. Mbokmenowo langkung prayogi menawi sagung kanikmatan ingkang lumeber kulo panjenengan sedoyo, saged dipun wastani pasinaunan manah ingkang gumantung awak kulo panjengan, anggenipun nggulawentah amrih rahayuning gesang. Kosok wangsulipun tembung oro – oro kebak ri, mengku suraos samubarang ingkang mboten mrenaning penggalih sinten mawon ingkang nglampahi, menawi tembung oro – oro kebak ri panci trep kalian gesang kawula panjenengan sedoyo.

Ingkang baku sameniko, mboten usah nggagas margnine agesang. Lelampahan ingkang kados menopo werninipun, mbokmenowi panci sampun katitah Panjenenganipun Gusti Allah Ingkang Ndamel Gesang. Ing semu gesang wonten mercopodo saged dipunwastani kebak cobo, rekoso, lan abot. Nanging meniko sedoyo namung gegambaran semu kewolo. Mestinipun meniko sedoyo mengku prolampito ingkan hakekat. Kabukti miturut wewalere poro sepuh, eyang sepuh lan aji sepuh ingkang wasis babakan laku lampah batos, ingkang saged dados panutane agesang, menawi kulo panjengenan kasinungan cobo arupi dunyo - brono. Estunipun Gusti Ingkang Moho Kuoso, taksih kerso paring sagung welas asih ingkang lumeber kulo panjenengan sedoyo.

Menawi seserepan saking poro winasis meniko estu – estu saged dados panutane manah poro kadang sedoyo, mbok menowo sedoyo ingkang agesang wonten mercopodo, saged nuwuhaken manah ingkang sabar. lan tansah tumungkul nyuwun supados Gusti Sesembahan kaulo panjenengan sedoyo tansah pinaringan kawilujengan lahir lan batos. Langkung - langkung mlebet warso candakipun, mboten sanes inggih Th 2012. Mugi warso candakipun meniko, saged dados warso ingkang kebak paedah tumrapipun kawula panjenengan sedoyo.

Liripun warso ingkang sampun kepengker saged diwastani warso keblinger tumrap saperangan sederek ingkang lenggah wonten Bumi Nusantara.. Ingkang nggadahi watak trapsilo lan chianat dumateng bangsa lan negorone piyambak. Ugi saged kawastanan warso kepengker kebak maneko warno bebendu, ingkang sejatosipun bebendu kolo wau, namung tetenger kito sedoyo, supodos langkung prayitno anggenipun ngugemi sandangan berbangsa lan bernegara.

Sinten mawon ingkang tumindak awon sajroning warso kepengker, kalebet nerak wewalering paugeran negara, bangsa lan agama, mboten usah nggadahi raos kagol lan sumelang, Awit sedoyo wau namung kembange agesang. Milo mboten usah tido – tido lan nolah – noleh malih babakan ngudi basuki, kalawan mejahi lelampahan awon sajroning warso kepengker. Awit warso ingkang candakipun wau sampun mincip – mincip rawuh wonten ngarso kulo panjenengan.

anerjicerpenpuisi.blogsot.combambang-sukmadji.blogspot.combangsuk51.blogspot.com
Warso enggal meniko sampun sumedyo bakal awor dados setunggal kalian kito sedoyo, sehingga kedah dipapag katih manah ingkang ganep. Sajroning warso enggal meniko, sedoyo sandangan ingkang mboten trep kalian bener lan pener, kedah diicali digantos kalian lelampahan ingkang adiluhulung. Gesang ingkang kemrungsung, mboten kagungan tuntunan manah, digantos klawan gesang ingkang manfaati liyan.

Sehingga Bumi Pertiwi meniko klakon tanggon, anggenipun ngadepi rubedo arupi degradasi moral sederek sebangsa lan setanah air tuwin rubedo saking monco negoro. Awit mirsani kahanan Ibu Pertiwi ingkang sampun klampah isen-isene namung usrek lan podo tumindak sakarepe piyambak-piyambak Meniko ingkan ndadosaken tangise Ibu Pertiwi.

Awake dewek niku kedah anggadahi raos sumelang jumbo kalian kahanan ingkang kados mengaten. Sampun ngantos ical kaprayitnan ingkang ndadosaken Negara lan Bangsa niki ngalami disintegrasi lan, langkung tebih malih menawi anak bangsa sami geger genjik mboten kantenan, mboten lintu mung awake dewek ingkang pikantuk kapitunan. Bebasan mapak warso candakipun meniko kedah dilampahi kanti ulat ingkang sumeh, adem manahipun lan berbakti budi laksono.

Milo mapak warso enggal warso 2012 meniko mboten sanes among monggo sami-sami priatos nggayuh, rahayu lan basuli tumpraping sedoyo kadang sentono, sederek sebangsa lan setanah air. Sehinnga Bangsa Indosesia klampah dados bangsa ingkang ageng, waluyaning jati ngantos akhire zaman. Amin......

Tidak ada komentar:

Posting Komentar